HonoRer
Karya / Sutradara :
Seful Mu’min
Wayah wong wis
pada wareg turu, srengengee sedelat maning
nangkring. Jago wis pada kukuruyuk, nyimbolna wis esuk. Swara radio gemresek
ora jelas. Siaran acara wis entek. Anteng meneng. Jarume jam wis pada mudun pas
nang angka 6. Radio tetep gremesek.
Mandeg. Ampleng.Gedoran lawang ujug ujug moni keras. Suarane keras nemen.
‘’
woi….aja mbudegi…..awit bengi anjog esuk radione moni bae,,,ora nyadar,,,kiye
wis tanggal 1,,,bayar kosan,,,wis 4 wulan nunggak bae,,,tanggi wis awan lampune
dipateni,,irit,,,woi tangi,,,kapan pan bayar????’’
`
Nang njerone
slimut ana sosok lanang perawakane gempal.
Slimutan, Ujug-ujug tangi krungu suarane sing due kos ndobrag-ndobrag lawang.
Bisane
radio suarane gremesek??? (Njagong
nang pinggir amben).
Sing arane wong numpang
durung bayar kosan ya kaya kiye….utang durung nyaur ditagih terus nggal
dinane,,,tapi ya ora papa yen ana duit bakalan tak bayar..kiye tah lagi
laka..muga-muga dina kiye bisa bayaran kena nggo bayar kosan.
Pengrasane lagi
bengi radio wis tak pateni, bisane urip
yah.....nglindur ndean. Wis pan belilah.(Tangi sing amben, marani ceret,
wedang nang njero ceret diinung ora atik gelas). Dina kiye dina Senin,
tanggal 1, kue tandane enyong kudu gasik soale tanggal siji, yen wong-wong
nyambut gawe tanggal siji kue tanggal sing nguripna panguripan,,,kaya wong
kebelet ngising diampet barang ditokna mbok prol, laka beban anteb nang silit.
Tanggal siji wayahe bayaran, dadi sing kanane nyong mumet kiye madan plong,,,
Dina kiye jarene bayarane
sejen, sing wis-wis wingi ana kumpulan, ana peraturan anyar sing pemerintah
mengenai upahe guru-guru sing pan mundak. Aja kalah karo regan mengkreng sing
nggal dinane regane sejen, kadang mudun kadang manjat. Mudah-mudahan bayarane
mundak.
Wis patang tahun nyong
ngabdi, bayarane ajeg lethek. 350 nggal wulane. Kari dietung-etung ora nyukupi
nggal dinane, Kayong ampun nggo bayar nggal dinane kudu nyambi-nyambi. Ora
sepadan karo pendidikane enyong. Nggo tuku bensin bolak balik sadinane 10.000,
drung go tuku sabun, mangan, nggo tetek bengek liyane. Wis samono be ra
nyukup,,,ana ana nyong sing tombok..ampun...........
Wis katon adoh men
bandingane,,, apa maning kebutuhane enyong nambah,,,umur wis 28 tahun durung
mbojo, sejatine wong lanang umur samono kudu wis due gucelan,,lah sampe saiki
nyong dewek durung due apa apa. Boro -boro mikir bojo, mikir awake dewek wis
anteb.
Mbuh apa sebabe nyong
dadi guru,,enyong dewek kuliah nang jurusan pendidikan wis teteg sing ati. Kiye
kutukan apa salah dalan. Umar bakri kayane njelma nang awake enyong, nasibe
pada bae. Pan sampe kapan???
Seandene nyong dina kiye
bayarane mundak, duite pan nggo wongtuane enyong, pan nggo tuku pakean, pan
nggo modal usaha, pan nggo jalan-jalan karo pan luruh wadonan,,hwhwhw....bayaran
pertama sing luarbiasa. Wadon-wadon pada marek,,,pan luruh wadon sing paling
ayu,,,tak jak jalan-jalan.
Wis jam enem
enyong kudu cepet – cepet,
( keder nggoleti anduk ) lah ndokone nang endi yah,,,, ( bolak-balik
sing akhire ketemu nang mburine lemari ). Kerja ngabdi negara
pancen gampang-gampang angel, kudu sabar. Sabar-sabar bae ya ora keduman,,, (
njagong nang kursi,sikile tengkreng nang jengkok ).
Akeh
wong sing dadi korban kesabaran,,,akeh ora mung siji loro tok. Enyong wingi
maca koran akeh wong dagang pinggir gili digusur jare ngrusak pemandangan kota.
Ana maning pembantu nang negarane tetangga diperkosa, dirabeni sampe dipateni.
Luwih adoh sing kene mbang wetane paling pojok indonesia, dunyane dikeruki
daning wong landa, dunyane didol, tapi nasib-nasib wargane pada mlarat, laka
panguripan lampu, peteng kaya awake. Pibe donge.....!!Kiye sing arane
sabar,,,kiye singa arane sabar...sabar dianiaya wong, sabar direbut hake, sabar
dirampok harga dirine. Yen wis kaya kiye sapa donge sing disalahna.. Jare sapa
negarane dewek kiye makmur, jare sapa negarane dewek masyarakate guyub...edan
apayah...!!!
Hemmm........(
mandeg eling jam wis awan, ngileng jam wis lumayan adoh geser, durung adus ).
Ora eling jam, yen wis ngomong ya wis ora kelingan apa-apa, durung adus maning.
Mlebu nang mburi, barang pan adus banyune laka ora mili. Keder mlebu
kamar maning. Jengkel lantarane banyu sing nggo adus laka..
Banyune
ora mili saiki wis katon awan , enyong pan mangakat. Pibe kiye kayong pan
mangkat nang sekolahan ora kepenak ora adus. Arane be guru digugu karo ditiru ,
apa bae omongane guru ya bakalan digugu daning murid-muride, apa maning yen
ucapane , perilakune guru kue bakale ditiru, nyong wedi yen nyong ora adus
bakalane ditiru daning murid-muride,, wagu oh,,,,semrawud nang kelas,,,,
Tapi
pibe maning, keadaane kaya kiye jam muter terus wis awan...yen mikiri adus
bakalan telat malah ora kepenak karo murid-muride enyong. Nembe dina kiye tok
enyong dadi guru mangkat maring sekolahan ora adus. Nembe dina kiye tok,, mana
- mana adus terus....yen ora percaya mana takon karo kepala sekolahe enyong
arane Pak Warto, Belio paham nemen kredebelitase enyong dadi guru,, kerjane
luar biasa....dadi ora masalah yen dina kiye ora adus,,,
( mondar mandir nggoleti pakean dinese, ketemu nang tumpukan lemari,
dinggo klambine )
Awit
mbien anjog saiki akeh keluhan guru-guru, nyong be iya,,,ngerti dewek uripe
enyong. Jaman semana luruh sekolah go ngabdi be anggele por poran, yen laka
wong njerone ya angel,,, pan ngenteni anjog bada kucing ya ora bakalan cepet
olih. Ana maning pan ngabdi nang sekolahan ana sing ditariki duit,,, duite ora
sewu rong ewu, tapi jutanan, akeh wong-wong pada nglakukna dalan pintas nyogok
demi olih tempat ngajar/ ngabdi. Compong yah,,,,untunge enyong ora kaya kue.
Gemiyen pas nembe lulus sarjana pendidikan enyong nggoleti sekolahan angel
nemen sataun nganggur luruh sekolahan ora olih-olih, pernah ana sing nawani
nang sekolahan negri,tapi ya kue enyong kudu mbayar duit jutanan,,limang juta
jon, bayangna , wong pan luruh kerja malah dijaluki duit, alesane nggo ongkos
pelicin,,,duit be ora due...ampun.....pan dadi apa yen pan dadi guru lewat
dalan ora bener,,, ngko murid muride sih kepriben. Ancur kabeh,,,,,
Nang
dunia pendidikan ana sing arane mendidik karo ana sing dididik. Jare kamus
besar bahas indonesia sing disingkat KBBI, pendidikan artine cara nggo ngerubah
wateke wong, kumpulane wong nggo ndewasakna wong atik cara pengajaran karo
latihan. Kue artine pendidik / guru ideale sanggup ngubah watek perilaku
murid-muride sing luwih apik.
Nah.....kari
pendidike utawa gurune mlebu kerja nang sekolahan atik cara sing ora
sehat,,,,piben deweke bisa ndidik wong liya? Padahal esih akeh calon pendidik
liyane sing potensine, tapi dipinggirna daning sistem sing ora memihak.
Memang
serba angel zaman saiki,,jelas jelas ana peraturane,,jelas jelas ana
undang-undange be tetep ora ilang-ilang budaya bobrok.
Kudu
bener-bener kerjakeras yen pan dadi guru, sebabe nang kana akeh masalah sing
kaitane karo pegawean. Yen kaya kiye jarang wong sing gelem dadi guru. Pan
krepiben yen generasi enom laka sing gelem dadi guru ? Moral negarane dewek pan kaya apa..pasti moral bangsa dadi parah, masyarakate pada
goblok, negarane dewek bakal diasingna daning Negara negara liya. Enyong ora
bisa mbayangna yen dewek diasingna daning negara liya karena negarane dewek
negara bodo. Sing ngisor nyerang,sing nduwur nyolong patok lemah karo
kebudayaan,,,sing iringan pada nyerang kepengin merdeka dewek-dewek,,coba
dipikirna durung sampe diasingna karo negarane dewek durung patia bodo wis kaya
kue perlakuane…apa maning yen bener negarane dewek bener-bener bodo lodo kaya
kebo. Sampean ngerti (takon maring ngarepe) ana ibarat,
kebo ditotol cungure,,,ngarti artine? (takon maring ngarepe), lah
kaya kiye um,,,kari kebo lagi nang sawah ana manuk sing menclok notol cungure,
si kebo bakalan getem bae… ora peduli cungure ditotoli manuk..kebo maen
meneng…………bae…..maen bodo………
Wis ora usah adoh adoh,,,negarane dewek bae,,ana
pejabate pada korupsi,,,sing liyane getem tok,,,plonga plongo kaya
kebo,,,,negarane dewek dunyane dicolong, alase dibabad, wargane diperkosa ya
tetep kaya kebo,,,plonga plongo,,,enyong kari ngarani republik kebo…republic
kebo,,,,pemimpine kebo,,,waragane kebo,,,serba kebo pokoke…..
Tapi aja salah yen kebo kue daginge enak,,,daginge
dimasak apa bae enak.
Enyong ora kepengin plonga plongo kaya kebo….ente ente
kabeh aja pada dadi kebo ya…..
Lah wis jelaskan,,,dadi yen generasi enome laka sing
gelem dadi guru,,,negarane dewek bakalan ambrol,,,,ora diregani daning negara
liya.,,tapi kudu luruh sing gelem dadi guru,,,ya mau jere tah guru pahlawan
tanpa tanpa tanda jasa. Ya dadine jasane ora diregani owh,,,heeheh(
nyengir).
Kweh,,,,ora bisa dibayangna,,,,
Aja maning enyong guru honorer sing nembe 4 taun
ngabdi,,kisah nang njaba akeh nemen sing luwih nelangsa….kaya kisahe pak
sartono. Sapa sing kenal pak Sartono?(takon nang ngarepe). Pak Sartono
sing nyiptakna lagu Himne Guru judule ‘’Pahlawan tanpa tanda jasa’’.Yen esih
pada kelingan lagu kue era tau 80 an, sering nemen dinyanyikna sampe saiki
tetep dinyanyikna. Istilah pahlawan tanpa jasa dadi ikon sing di sematna nang
para guru. Sapa nyangka si pahlawan sing tanpa jasa kue sejatine dialami si
nyiptakna lagu himne guru ,pak sartono sang guru karo pencipta lagu ning masa
senjane uripe sederhana nemen.
Awit ngajar dadi guru music taun 1978 sampe pensiun
taun 2002, pak sartono tetap nyandang guru honorer. Pak Sartono tetep nyandang
guru honorer. Pak Sartono ora due gaji pensiun, sebabe statuse dudu guru PNS.
Urip serba kesempitan, ora nggawe Pak Sartono ngratapi nasib.
(Ceritakna kisahe pak Sartono karo
mbludag-mbludag,kesel ngos ngosan).
Lah kue sedulur-sedulur kisahe pak sartono sang
pahlawan tanpa tanda jasa. Guru kue ya pahlawan, tapi sawise berbakti karo
ngabdi ora secuil be tanda jasa nempel nang guru, ora kaya polisi apa tentara.
(meneng,
ampleng, mikirna nasib awake dewek karo nikmati udud)
Nyong sadar, akeh ora enake dari pada enake,,pan anjog
kapan enyong kaya kiye trus,,,umur nambah tua, kebutuhan akeh sing kudu
diutamakna.Nyong kelingan karo wong tuane enyong,,melas wis pada tua, tenagane ora kaya mbiyen, nganti saiki
durung nyenengna. Hartane wongtua wis ludes nggo mbiayayani kuliahe enyong.
Saiki maning adine enyong kas lulus SMA. Kudu mikir nggo biayani kuliahe. Apa
ya bisa ?...ma….mak….pak….pak….( ndeleng nang foto,,,njukut foto, ngomong
karo foto)
(merenung,,,meneng, ampleng, mateni
rokoke,,,nangis,,,)
Enyong njaluk ngapurane mak,pak,,,,,enyong drung bisa
nyenengna,,,,enyong wis kerja keras,,,tapi anake koen kiye ora berguna,,,anake
koen guru,,,,kaya kiye nasib dadi guru. Meski katone wibawane gede tapi kaya
kue hasile…
enyong kelingan karo wong tuane enyong,,,,kelingan
karo petuahe, gemiyen waktu enyong cilik esih kelingan, wong tuane enyong yen
wayahe panturu nein pandangna..’’ tong,,,,mbesuk yen gede dadi wong sing
pinter,,dadi wong sing bisa berguna nang masyarakat karo negara,,,aja dadi kaya
bapane koen,,,wong bodo,,oraa sekolah,,,,,kerjane kuli, ora dipandang daning
masyakat, akeh-akehe ora diregani… sekolah sing duwur,,,sing priyatin’’..
Kaya kue,,,enyong esih kelingan bae anjog
saiki,,,saiki enyong memang diregani daning masyarakat,,,tapi saiki nyong ora
diregani daning pemerintae,,,,anake koen drung bisa nein kebahagiaan…
( mengangis,,,,tetembangan )
Puk ipuk imbang-imbang kasur empuk mambune kembang
Kembang apa? Kembang melati,,,mbesuk gede sing
ati-ati.
Puk ipuk imbang –imbang kasur empuk mambune wangi
Wangi apa? Wangi kasturi. Mbesuk gede kudu bisa
ngabdi,,
Ngampurane
ma…….njaluk maape ma,,,,,( nangis karo Nembang,,suara ilang diulang
ulang )
Lampune mati,,,peteng,,,,ampleng…..laka suara sijisijia. Lampu
murub,,,,nang nduwure Nawir.Wis gagah siap mangkat nang sekolahan.
Enyong
tetep mlaku,mlaku nang dalane dewek.
Enyong
Nawir ,nyong guru,,,tetep ngabdi ngggo negarane enyong.
Enyong
pahlawan,,,tanpa tanda jasa..
RAMPUNG
21 Februari 2013
================================================================================
Naskah kiye nggo keperluan Festival
Monolog Bahasa Jawa Tingkat Nasional nang UNNES tanggal 23-24 Maret 2013.
Komunitas Bebrayan Tegal
Jln. Sangir No.
1 Kota Tegal
( Kompleks Kampung Seni PAI Tegal )
HP: Moh. Yasykur Arif, S.Pd (
081902364446 )
Seful Mu’min, S.Pd ( 085642725014 )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar